25 Juni 2009

Suenenge Adhus nang Bengawan Solo



Sik enak turu Bapak nangi eson ...tangi-tangi ayo sholat shubuh, seleke serngenge muncul...

Mari Sholat Subuh budal adhus nang Bengawan Solo nggowo sabun sikat odol shampo anduk karo numpak speda pancal kadang karo mlaku liwat tegal tambak nek speda pancal e rusak sekalian olah raga.

Nyampe pinggir Bengawan Solo, speda di jagang, klambi kaos di copot di centelno nang wit-witan, kari kemulan sarung karo anduk, terus cEplok (nyopot sarung dengan cepat ketika nyemplung Bengawan), supoyo gak ketok wong pancen kudu iso cEplok, nek gak iso yo teles kabeh sarung sampeyan.

Mari cEplok... sarung anduk sabun di centelno nang perahu seng di parkir nang pinggir Bengawan, terus mulai sikatan, terus selurup terus sabunan terus sampoan... mari ngono... nahhh iki wayae ngelangi rek...(renang olah raga pagi)

Waaah...sueneng sueger rek renang nang Bengawan Solo ...opo maneh gak suwe terus Serngenge (Matahari) mulai muncul terbit di sebelah wetan....wuaaah uapik seru Matahari ne abang wernoe bunder ser bentuke langite dadhi abang kuning..... pemandangan Bengawan Solo tuambah uapik mergo banyune kebul-kebul nguap, kadang lomba banter-banteran renang sampe nengah bengawan sampe nyabrang bengawan.

suenenge maneh biasane arek-srek sak durunge adhus dolanan pasir disek, nggawe guwo-guwoan, nggawe gunung-gunungan maringono teplok-teplok an....terus latihan koprol (meloncat dengan berputar) wuoww....bahaya kadang koprol gak tepak sang endhas sang gulu mancep nang pasir nang ladhu....sampe luoroh......tapi tetep sueneng rek....di baleni maneh koprol e sampe iso lancar

saking seunenge kadang sang sarung sang klambi sang speda disinggakno karo arek gede-gede seng mbeling iku.....waah lak udho eson rek...tapi Alhamdulillah di tulung wong,.. disilihi sarung....OOooo pancene arek mbheling iku. yo ojo ngono rek, ojo mbheling-mbheling sing apik karo adik e karo koncone yo.

7 komentar:

gajah_pesing mengatakan...

muanteb kui... dadi pengen renang neng kono aku...

Cebong Ipiet mengatakan...

wheehehhe aku tau nyemplung kunu...adus ning bengawan solo

ciput Mardianto mengatakan...

di tempatku juga masih ada sumber yang masih alami

Stop Dreaming Start Action mengatakan...

Wah pasti seger dan menyenangkan, adus neng bengawan solo, sambil. renang banyak temennya lagi! pasti asyik!

Bisnis Online mengatakan...

asiknya mandi di kali :)

mybenjeng mengatakan...

seger tur sehat...
mbek olahraga renang

Mbah Gondrong mengatakan...

Semua punya sejarah, Digresik
juga ditemukan fosil orang pertama...