16 Mei 2010

Kampanye Membawa Berkah


Gambar saking www.pemiluindonesia.com

Dhino minggu poro calon Bupati Gresik lan rombongan pendukunge podho kampanye, ono sing nggowo arak-arakan montor sing larang-larang uapik-uapik ketok mewah-mewah, alhamdulillah poro calon Bupati Gresik sugih-sugih.

Ono sing ngundang wong-wong kampung kumpul-kumpul kundangan, alhamdulillah oleh berkat akeh rek....mugo-mugo wae rek sering-sering kundangan, mergo wis suwe gak ono kundangan oleh berkat guedeh

Ono sing dumdum stiker plus rokok nhang warung-warung, perapatan pertelon dalan rame

Wes macem-macem modele,yo iyo rek lha wong arane kampanye pancen perlu kanggo njelasno opo wae janji poro calon Bupati Gresik kotae awak dewe iki, janji noto mbangun sing tepak sing uapik kanggo penduduk ngGresik

Eson kuatir mbesok nhang lali janjine, sakno dulur kulo sing mboten ngerti, mosok dibujuuuuuu'i wae rek, yo mugo-mugo wae mboten lali utowo ngelali koyo tulisan niki Wasiat Kanggo Calon Bupati Gresik...amin 4JJI humma amin insya4JJI

Saiki dulur-dulur tonggo kampung akeh sing mulai ngerti opo iku kampanye, jarene wong-wong SING PUENTING ONO DUWIK E, wes sing enak diterimo kabeh amplope poro Calon Bupati dianggep nerimo amal shodaqoh ae rek....!!

Semoga Bermanfaat,
nggresik.blogspot.com