15 Juni 2009

Suenenge Naik Kelas Lulus Sekolah


poto saking http://yudhitc.files.wordpress.com/2008/08/sekolah-miskin1.jpg

Suenenge mungga kelas sampe di janjeni Bapak "nek mungga kelas sampeyan ditumbasno Bapak tas, buku, patelot, busep, uncer, garisan, sepatu, seragam, wes macem-macem TAPI...nek nduwe duwek" jarene Bapak, yaa nek nduwe duwek...! nhang nek gak nduwe duwek Pak...?? ya opo maneh rek lha wong pancen penghasilane wong tani cilik gak pasti

Seunenge maneh nek naik kelas iku Ruang Kelas e anyar terus royo an nggolek bangku seng apik, seng bersih, seng gak akeh coretane, seng gak keropos terus urutane seng nomer 1.

Tapi yo ono sang konco seng gak mungga mergo biji rapote akeh seng abang alias nilaine akeh seng 50, yo sakno rek sampe ketangis...lha seng biji ne apik oleh rangking biasane oleh hadiah buku 10, patlot, busep di bungkus kertas soklat.

kanggo arek-arek gede seng lulus sekolah SMP utowo SMA biasane konfoi, corat-coret klambi karo sepidol, cet pilog...emane rek klambine....luweh apik di paringno adik e utowo tonggone yo...
seng gak lulus utowo gak mungga kelas biasane pindah sekolah mergo isin...

mangkane ta...ayo sinau seng sergep kanggo poro konco seng sik sekolah, ojo mbujuki wong tuo sampeyan utowo Bapak Ibu guru, pamite sinau tiba'e dolanan, duek SPP di gawe njajan....yo ngene iki seng nggarai kualat gak naik kelas gak lulus ujian.

yo jenenge arek.....tapi yo kudu ngerti, ojo nemen-nemen seng jujur, ojo lali sholate ndungo nang 4JJI supoyo di paringi khasil, pinter, gampang sekolahe....amin

4 komentar:

gajah_pesing mengatakan...

aku tumbaske pak... uncer sak wadahe njih...

cebong ipiet mengatakan...

aku bocah rajin, ra tau mbolos, ra tau konvoi, ra tau ngembat duit SPP, loh. Alhamdulillah lulus pak, pandungone wong tuwo

nggresik mengatakan...

Cak gajah_pesing...uncer seng werno opo ? abang ijo opo biru ?

mbak ebong...puinter, rajin temen sampeyan...iki tak wenehi nilai 100 + hadiah

:) iso-isooo wae....

mybenjeng mengatakan...

nglencer nang bonbin rek...