18 Desember 2008

Ngewangi wong tuo ndaot wene

Nandur pari iku gudu onok bibite, carane nggawe bibite iku biasane
Bapak njupuk pari sing apik terus diwadai karung terus di kom nangkali sampek metu cukul oyote iku pirang-pirang ndino, maringono di sepyurno nang sawah sing wes di singkal di ncak-ncak di garu sampek alus roto lemae.

Mari dispyurno mau gudu terus di borani utowo di banyone karo desel sing nduwe desel, sing gak nduwe yo gudu Boran, boran iku nggawe wakul guede teko anyaman ori gawe yeduk banyu teko kali...wah iki rek sing nggarai otote sang tangan bahu gede metekel, Alhamdulillah gak katek tuku bensin utowo solar wong pancen gak ono sing di gawe tuku. Mari di borani sampek terik dadhi wene sing skirane wis kuat di tandur.

Mergone winie wes gede siap di tandur, nah iki wayae Ndaot yoiku mbateki wene karo tangan karo longgo dempok nang sawah yo mestine campur ladhune sawah kadang sang katok sang kaos kelbonan yuyu, uler, walang, cacing, uler balong, lan kewan cilik-cilik liyane masiyo ngono yo tetep sueneng rek.

Biasane moleh teko sekolah terus dikongkon wong tuo ngewangi ndaot, cek nhang mari winie mnesok di tandur, mergo eson sek arek yo ngewangi sak ole-olehe kadang telu papat talian wene, yo winie mau di tali sak terkeman tangan loro biasane. Yoo jenenge ngewangi wong tuo yo sak isoe lha wong eson sik arek.

Ya 4JJI kapan eson nduwe desel, nduwe singkal mesin, nduwe mesin ndaot, nduwe mesin tandur, sak teruse ???

wes enak ngene wae alami, awak sehat walafiyat kuat gak katek soro-soro olah raga.

Tidak ada komentar: