16 Mei 2010

Kampanye Membawa Berkah


Gambar saking www.pemiluindonesia.com

Dhino minggu poro calon Bupati Gresik lan rombongan pendukunge podho kampanye, ono sing nggowo arak-arakan montor sing larang-larang uapik-uapik ketok mewah-mewah, alhamdulillah poro calon Bupati Gresik sugih-sugih.

Ono sing ngundang wong-wong kampung kumpul-kumpul kundangan, alhamdulillah oleh berkat akeh rek....mugo-mugo wae rek sering-sering kundangan, mergo wis suwe gak ono kundangan oleh berkat guedeh

Ono sing dumdum stiker plus rokok nhang warung-warung, perapatan pertelon dalan rame

Wes macem-macem modele,yo iyo rek lha wong arane kampanye pancen perlu kanggo njelasno opo wae janji poro calon Bupati Gresik kotae awak dewe iki, janji noto mbangun sing tepak sing uapik kanggo penduduk ngGresik

Eson kuatir mbesok nhang lali janjine, sakno dulur kulo sing mboten ngerti, mosok dibujuuuuuu'i wae rek, yo mugo-mugo wae mboten lali utowo ngelali koyo tulisan niki Wasiat Kanggo Calon Bupati Gresik...amin 4JJI humma amin insya4JJI

Saiki dulur-dulur tonggo kampung akeh sing mulai ngerti opo iku kampanye, jarene wong-wong SING PUENTING ONO DUWIK E, wes sing enak diterimo kabeh amplope poro Calon Bupati dianggep nerimo amal shodaqoh ae rek....!!

Semoga Bermanfaat,
nggresik.blogspot.com

30 April 2010

Jalan Raya Pantura Wes Ombo Mulus


Winginane dowo mlaku-mlaku keliling ngGresik pantura....

wuih mirip reporter keliling rek...reporter gak nduwe kamera, pancen eson gak ngowo kamera dadhi yo sepurane gak iso nempel photone nang blog iki nggresik.blogspot.com. Tujuane gak ngowo kamera supoyo khusyuk menikmati howone Gresik...hhmmmmm

Seng paling terkesan yoiku dalane Gresik utara mulai Manyar sampe Mbetoyo wes uwombo mulus lan kandhel seru aspale, saking muluse sampe kepingin renang nang dhalan, gak koyo mbiyen pateng trembel aspale tuipiiis seru, sak sentiyan lah mbiyen iku aspale....!! ALHAMDUUUUULILLAH

Mohon dipertahankan lan diramot terus, jarene Bapak insinyur CONTINUE IMPROVEMENT
yo wes mugo-mugo wae tambah apik rek....

Semoga bermanfaat,

02 April 2010

Tak Enteni




Tak Enteni alias eson menunggu

Nunggu opo cak....?
yo nunggu kapan topo iki nhang mari

OOooo ala sampeyan mari topo yo.....? pantesan suwe gak nulis nhaang blog nggresik.blogspot.com

Topo kanggo opo se cak ...?
yo mbherseni awak eson bekne ono duso-duso, mugo-mugo disepuro gusti 4JJI

EEeeyala caakk...sampeyan koyo lagu ne ridho rhoma wae cak


Yo Wes tak dungakno disepuro dusane lan tercapai cita-citane amien....mugo-mugo

Wes age kono nhang nulis blog mane.....wuih sueneng eson rek.