17 April 2008

Susahe Budal Sekolah

mergo gak nduwe sepeda pancal, yo wes mlaku wae
budal sekolah seng adhoe 2 kilo meter liwat tegal-tegal
liwat sawah terus nunngu perahu gawe nyambrang bengawan solo
perahune teko kiro-kiro 10 menitan waaaah...iki senenge numpak perahu
bareng konco-konco sekolah kadang bareng wong berangkat nang pasar
nggowo ayam, gedang, menyok, sayuran, speda ontel, pikulan, ronjot,
wes macem-macem sa' cukupe perahu budal terus perahu diwelahi sampe'
mudun teko perahu gudu ati-ati supoyo gak kecemplung bengawan
terus liwat tegalan nah...ketemu perkampungan deso
kadang ngelak ngombe yo ndolo' dise' ngombe terus mlaku maneh

susahe maneh ne' udan...ne' ono' gubug yo ngiyup nang gubug tapi iku ne' gak telat
yo kepEh kluncum kabeh seragam sekolah,
sepatu lema to' ake bleto'ane ngono yo digawe ae sekolah sampe' kademen
....ya 4JJI mugo-mugo Sampeyan paringi ilmu seng manfaat amin ya robbal alamin

Tidak ada komentar: