04 Desember 2009

Wasiat Kanggo Calon Bupati Gresik



Wonten titipan wasiat niki kangge poro Calon Bupati Gresik

nomer 1 Ojo lali Sholate

nomer 2 Ojo lali shodaqohe, maksude Shodaqoh sing bener-bener ikhlas, saking harta sing 100% (satus persen) bersih HALAL

nomer 3 Ojo lali dulur kulo wong cilik sing podho kesusahan utamane susah cari makan, susah cari air minum

nomer 4 Ojo lali peninggalan poro leluhur utomone makan Sunan Giri, makam Maulana Malik Ibrahim lan liyane supoyo angsal barokahe poro Wali 4JJI

nomer 5 Ojo lali Dhalan-dhalan kudu di bangun, ojo sampe bolong njeglong-njeglong opo maneh wayae musim udhan (ojo sampe ono wong spedaan sing kebluwok), mulai dhalan Gedhe (Jalan Raya Propinsi) sampe dhalan pelosok Desa. Jare wong londho GOOD STREET GOOD GOVERMENT

nomer 6 Ojo lali karo Bengawan Solo saget dimanfaatno banyune kanggo pengairan pertanian utowo kebutuhan rumah tangga

nomer 7 Ojo lali karo pabrik-pabrik sing akeh polusine ngrusak lingkungan

nomer 8 Ojo lali karo pabrik-pabrik sing durung mbayar kanggo pendapatan daerah tapi nik wes mbayar yo Ojo lali kudhu 100% (satus persen) kanggo mbangun Gresik

nomer 9 Ojo lali karo sungai, kali, kalenan kudhu resik supoyo gak nggarai banjir

nomer 10 Ojo lali karo kemaksiatan ning Gresik kudhu di resiki saking maksiat, jarene GRESIK BERHIAS IMAN

nomer 11 ...........
emmm opo maneh yo ....???? Sekolah Gratis ? wes lumayan lah,

oh iyo pintu gerbang masuk Kota Gresik kudhu di dhandhani sing kreatip
terus......alun-alun Gresik sing mbiyen Jarone naiyeng ambyuk yo kudhu didhandhani.

opo maneh rek....??? we sampeyan tambahi piyambak

Matur Suwon

Semoga Bermanfaat,
nggresik.blogspot.com

11 komentar:

sawali tuhusetya mengatakan...

wah, wasiate apik lan mencerahkan, mas. ngomong2 kapan pemilihan bupati gresik, mas? moga2 sing dadi bener2 eling karo wasiat iki.

luxsman mengatakan...

iso dicontoh gawe walikota suroboyo mengko

gajahpesing mengatakan...

terharu akan wasiat daripada warga asli Gresik ini

gresik band community mengatakan...

ojo dumeh lek melu jare wong solo

gresik bersih mengatakan...

waduhh hebat rek wasiate... cocok gawe pengeling calon bupatine sing anyar ngko yo... mantaapp...

gresik bersih mengatakan...

cak sepurane sing akeh, tulisane sampeyan iki tak kopas dak ngomong-ngomong sik, sepurane, suwun sing akeh...

gresik bersih mengatakan...

cak sepurane sing akeh, tulisane sampeyan iki tak kopas dak ngomong-ngomong sik, sepurane, suwun sing akeh...

si Rusa Bawean mengatakan...

mbah 1 mane mas

jo lali mbangun Mbawean!!!

nggresik mengatakan...

@gresik band community : he'e ojo dumeh :) suwon

@gresik bersih : monggo di kopas...suwon cak

@si Rusa Bawean : STUJU CAK ....OJO LALI KARO SANG DULUR IKI SING NANG BAWEAN

arek cerme mengatakan...

seng penting gresik dadi kota seng maju . . . .lan rakyate makmur

Fernando Muhammad mengatakan...

kanggone warga yo kudu meleh seng temen - temen pas ambek ati nurani karo pikirane...
mugo - mugo mene seng menang yo temen - temen ngeramut nggersik sak wargane...Amiiin...
Alfatehah.. .. ..