08 September 2009

Suenenge Nganyari Sarung Kanggo Riyoyo


Gambar saking matanews.com

Alhamdulillah Suenenge rek nganyari sarung tapi eson gak nganyari celono mergone nik unjung biasane nggawe sarung masiyo awan utowo mbengi lha gak ndhuwe duwek digawe tuku celono, wes sing penting wes nganyari sarung jarene sang Bapak, tinimbang sarung riyoyo tahun wingi digawe maneh, biasane nik gak iso tuku yo sarung riyoyoan tahun wingi di striko di kapurbarus di simpen ning lemari perlu di gawe riyoyoan tahun mane bekne gak iso tuku.

Sedih rasane nik sang konco ono sing gak iso nganyari sarung mergo gak ndhuwe duwek mergo gagal panen sawah, gagal panen tambak, nyambut gawe sepi.... yo yaopo maneh rek....,

Alhamdulillah ono sing maringi sarung utowo kelambi kadang regane murah meriah utowo kadang bekas wes biasa maklum, jarene sang emak RIYOYO GAK NGGORENG KOPI maksude duwek entek di gawe tuku sandangan sampe gak iso nggoreng kopi, nggawe jajan, toplese kosong.

Yo mugi-mugi mawon tiang sing sugeh-sugeh niku saget semangat shodaqoh e, mugi-mugi di bales lan diganjar saking 4JJI angsal rejeki engkang katah lan barokah amin, sehinggo saget roto seneng kuabeh ngerayakno Hari Raya Idul Fitri...amin

Semoga bermanfaat
nggresik.blogspot.com

5 komentar:

luxsman mengatakan...

amien ya robbal alamien....

Rusa Bawean™ mengatakan...

pakaian yg paling enak dipakai adalah sarung
pakaian yang fungsinya paling banyak adalah sarung
sarung bisa dimanfaatkan bermacam2

ciput mardianto mengatakan...

biasae rioyoan klambine anyar, sarunge anyar, iku bien pas cilik aku yo ngono kuwi, nek saiki opo enek e ae wis.

nggresik mengatakan...

@LuxMan Kumara : 4JJI humma amin...
@Rusa Bawean™ : Betul cak uakeh fungsine, perlu dikupas fungsi sarung

@ciput murdianto : iyo cak ikhlas opo enek e ae wis

ilyasafsoh mengatakan...

sepurane sing wakeh
....