02 September 2009

Poso Bedug ngelawan Roso Ngantuk




Huuuaaangop....hemm koq ngantuk ngene rek poso Romadhon iki.....!
Gak awan...gak bhengi ngantuk angap-angop wae....!
Padahal eson cuman poso bedug lho rek...., lha eson pancen sik cilik di ajari Bapak poso bedug-an supoyo mbesok nek gedhe kuat ngelakoni poso sedhino muput.

Poso Bedug utowo poso setengah hari iku mulai isuk sampe bedug di tabuh wayae sholat dhuhur gak oleh mangan ngombe.

Minggu pertama poso akeh arek-arek sing lali utowo pancen ngelali ngombe mangan jajan. Saking krosone tenggorokan ngelak weteng luwih sampe awak lemes ngantuk, bolak-balik mentelengi Jam, kapan nhang bedug sholat dhuhur.

Supoyo gak ngelak arek-arek biasane ngajak dolanan adus nang kali, adus nang bengawan solo, tapi gak oleh ngombe banyu kali rek.

Nik awan ngantuk mergo keluwen tapi nik mbengi ngantuk mergo kewareken.
masiyo ngantuk tetep karo sang Bapak di ajari kudu sholat tarawih, kudu melu tadarrus, mari sholat subuh kudu melu pengajian subuh, maringono kudu budhal nang sekolahan ono kegiatan pondok romadhon, waduh...ya 4JJI uabote tapi Alhamdulillah iku ternyata ngelatih awak dewe rek. Semoga dengan Puasa bisa menjadikan kita ibarat kepompong yang asalnya dari ulat menjijikkan menjadi kupu-kupu yang indah menawan, Semoga puasa kita di terima oleh 4JJI amin.

Matur suwon Pak panjenengan sampun ngajari kulo poso bedug, sholat tarawih, tadarrus, pengajian, lan macem-macem ning wulan Romadhon.

Iki ono sing nulis saran-saran carane ngurangi roso ngantuk ketika puasa di alamat iki

Semoga bermanfaat
nggresik.blogspot.com

3 komentar:

Rusa Bawean™ mengatakan...

iyo e
aku yo ngantuk wae

poso koq males2an
:)

mybenjeng mengatakan...

mangkane nek saur imbuh sing uakeh, ben tetep seger nutuk sampek buko... :D

met posoan rek...

luxsman mengatakan...

turu