28 Juli 2009

Uenake Mangan Juwet Gratis



Buah Juwet iku mirip buah anggur, nik sik mentah wernoe ijo tapi nik mateng wernoe biru semu ireng ono isine, terus nik dipangan ilat sampeyan iso werno biru. Juwet iku termasuk tanaman pager mergo biasane uripe onoe nang pagere tegal utowo kebon, umume oleh dipangan sopo wae wong seng kepingin alias GRATIS sampe warek asal iso menek nggetek mutek.

Seng paling sueneng lan uenak yo dipangan langsung nang ndukur wite juwet tapi sampeyan kudu iso menek, terus nik menek ojo ambek sarungan....hemmm Alhamdulillah uenake rek GRATIS gak perlu nang Supermarket. Pancen ono wite juwet sing akeh semut krangkang carane yo di getek karu kayu ori dowo, kecuali sampeyan nekat menek ngelawan semut krangkang yo monggo nik kuwat di cokoti semut krangkang.

Moleh sekolah eson karo konco-konco biasane dolan nang tegalan, yo wes dolanan opowae macem-macem, lha nik weteng luwe lesu yo kari menek juwet utowo nggolek woe doro. Buah doro iku yo mirip buah juwet tapi luweh atos, buah doro iku yo GRATIS biasane terik urip dewe nang pinggir dalanan utowo nang pagere tegal.

Tapi masiyo GRATIS tetep kudu pamit karo sing nduwe tegal rek...iku nik ono wonge sing nduwe tegal, cukup pamit ngomong "WAK KAJI KULO NEDHI JUWET" wes maringono menek mangan juwet sak warek e ning dukur wit sambil menikmati pemandangan indah alam Desa ngGresik ...... Alhamdulillah.

eh .... Juwet iku yo iso kanggo obat kencing manis lho...luweh jelas sampeyan tingali di alamat iki

Semoga Bermanfaat
nggresik.blogspot.com

11 komentar:

mybenjeng mengatakan...

cilikanku mbiyen yo sik suneng mbek juwet. yo isih onok bakul sing dodol.
saiki wis gaknok sing dodol, wite yo wis podo di bacoki kabeh.

kiro-kiro nek pengen tuku nangndi yo, sopo ngerti bojoku mene ngidam juwet...

:D

Dony mengatakan...

Wah ojo dipangan nang nduwure wet rek ! Ngkok dikiro....hehe :)

Fernando de Grissee mengatakan...

ke'opo lek juwet iki dipromose'no...trus diexport nang eropa karo amerika?...ke'opo dulur-dulur?...kita bakal kaya..kita bakal kaya!....hahahahaha

nggresik mengatakan...

@Mybenjeng : whalah ngidam juwet...mengko anake pinter menek juwet lho...hehehe

@Dony : dikiro orang utan ta...?? iyo dulure hehehe

@fernando de Grissee : Kita Indonesia memang Kaya Raya tinggal mengelolahnya...wuah gaya eson hahaha

Rusa Bawean™ mengatakan...

adi inget mas kecilku
sering lo mkan yg kek ginian
:)

Ciput Mardianto mengatakan...

ndisik nang sebela omahku ono wit juwet, nek bar mangan biasane lambene dadi biru - biru

waluyo mengatakan...

saiki sing koyo ngono kuwi nang nggonku jan angel tenan je le golek....sa'jane yo enak...lumayan lah nek mung ge ngapusi cangkem,he....he..........he....
oh yo salam kenal

nggresik mengatakan...

@Ciput M : ati-ati keleleken isine juwet yo hehehe..

@waluyo : Perlu di lestarino supoyo gak punah...salam kenal cak

Sjaaf mengatakan...

Nedo nerimo sampeyan wis nulis soal juwet iki.
Sa'iki nok daerah endi sing onok juwete, wis rodok angel.
Sing angel maneh doro, wis pirang-pirang tahun dak tahu katok.
Nek sampeyan weroh onoke doro, tulung kandanono yo, liwat ongkeksuling.wordpress.com

Eson iki wong ngGresik sing wis suwe ninggalno ngGresik.

Gandengane sing didol onok kuburan Pojok biyen, doro, juwet ambek kinco.

Salam

Unknown mengatakan...

Info poo de endi wong dodol juwet nang gresik...

Unknown mengatakan...

Info poo de endi wong dodol juwet nang gresik...