06 Februari 2009

Bengawan Solo Banjir

Banjir-banjir....banjir-banjir....tanggule jebol...tanggule jebol
ayo...kerja bakti...

tabuen kentonge...tabuen bedug e cek krungu kabeh wong-wong seng turu

wah wah sandal kenter, keset kenter, ayam sak kombonge sak kurungane yo melu kenter nang bengawan solo

tambak tambak yo kebanjiran iwak e ucul kabeh...iwak e seneng tapi wak kaji seng nduwe tambak senep bingung nangis sampe jantungen
ya 4JJI...jarene sampe ono sing sedho sakeng kagete Innalillahi wa inna ilaihi rojiun

sawah sawah arep panen kerem kabeh gak ketok parine...mugo-mugo gak bosok mene parine kenekdi panen

wong-wong seng omae nang pinggir bengawan solo podo ngungsi....tapi alhamdulillah wong-wong sek sabar ikhlas... wes biasa nak...jarene mbah buyut seng ngungsi

jalan gede nggersik seng parek bengawan solo yo banjir pisan yo iku jalan raya Bungah Gresik sampe macet akeh jelentre an trek, bus, treler, montor, sepeda montor, sepeda ontel nang ndhalan gede gak iso mlaku....mbiyen sak durunge jembatan sembayat di bangun akeh tambangan perahu gawe wong sing arep nyabrang teko Bungah nang Sembayat kadang nambang sak sepedae pisan tapi saiki wes enak jembatane wes dukur tapi jalane tetep kebanjiran

tapi gawe eson arek-arek cilik suenenge puol nek banjir....sekolah prei kadang molene cepet terus dulinan nang banjiran sirat-siratan dulinan banyu prau-prauan kadang yo melu kerja bakti tapi seng enteng-enteng ngangkati lemah utowo ngelebokno lemah nang karung utowo mbuntu ilenane banyu supoyo gak tambah ombo
arek-arek yo ono seng nggolek iwak nggowo jareng mergo akeh iwak seng kesenengen ucul teko tambak e wak kaji.

yo iyo banjir yo ono hikma e rek...

4 komentar:

Anonim mengatakan...

wak haji ngamuk ra yo iwak ke podo kenter ? ^_^

nggresik mengatakan...

wak kaji mestine ngamuk...tapi bingung ngamuk nang sopo..

Anonim mengatakan...

banjir pancen nggawe susah, tapi jenenge arek cilik malah sueneng...
masio nang kecamatan benjeng yo koyok ngono cak... :)

satpamX mengatakan...

mas saiki aku ngaji nok ngarep komputer dongakno wae iso katamno al-quran flash seng mok tempel nok blogke sampeyan.amin