10 Januari 2009

Suenenge numpak garu

Supoyo sawah iku iso di tanduri, kudu di singkal disek, maringono di encak-encak karo sikel, biasane eson dikongkon Bapak ngewangi encak-encak sawah masiyo sik cilik oleh 2 meter utowo 3 meter sing penting ngewangi sampek sikel kemeng

mari diencak-encak terus di garu supoyo roto, garu iku koyok suri gede bentuke terus di seret karo sapi 2 mburine onok tumpa'ane gawe lunggue sing nyeter garu, lha eson biasane mari moleh sekolah melu numpak garu karo sing nyeter pisan...waaah uenake suenenge rek...kadang yo kecipratan ladhu barang, utowo kesebet buntute sapi, mugo-mugo ae sapine gak ngentut...waah bahaya nek ngentut...

Sing nyeter garu biasane karo nyanyi suitan ngedung supoyo sapine mlakune anteng gak mancal-mancal, lek mancal-mancal hasile nggarune yo elek, eson yo kecemplung sawah, lha iyo rek sapi yo ngerti nyayian barang...yo pinter sapi iku yoan rek...

Alhamdulillah....emak teko ngirim sarapan, pancene sarapane sodo awan, sebab sik di liwetno emak sego krawu, ngombene wedang kopi, terus di pangan nang pinggir galengane sawah bareng-bareng karo Bapak, karo sing nyeter garu, kadang ngejak wong tonggo sawah sing durung sarapan ...
heeemmm uenake rek...Alhamdulillah ya 4JJI.

5 komentar:

Anonim mengatakan...

walah suenenge rek....
nek aku sing numpak, malah sapine mberik.... :)

Anonim mengatakan...

lha sampeyan numpak garu...karo njoget-njoget...
:)

Noob Nub mengatakan...

Alhamdulillah..
Gapapa make bahasa apa aja mas, asal dari hati.. :) Makasih udah mampir sekalian mo nyoba baca-baca supaya iso ngerti lebih apik lagi boso sampeyan.. :)

else mengatakan...

lho blogke ra onok shoutboxke tho??
walau aq dari riau , aq bs lho bahasa jawa

dwi mengatakan...

kawit eruh nek onok AREK NGGERSIK. Oke Cak, Salam kenal teko eson. Eson nek internetan nang Jagung.