19 Mei 2009

Supoyo Sholat Gak Abot


poto saking http://ervakurniawan.files.wordpress.com/2009/04/anak-sedang-sholat.jpg


Solat limo waktu iki koq yo cek abote yo rek opo maneh nek moto ngantuk awak kesel.
Solat limo waktu iki yo abot misale solat subuh terus turune kedalon nganggo kasur enak empuk teko springbed kemule kandel howone yo anget pisan, yo enak turune tinimbang solat subuh....astaghfirullahal adhim.....ya 4JJI cek ngantuk e moto kulo niki.....

Jarene Pak Ustadz supoyo solat iku enteng carane kudu seng ikhlas terus kudu nduwe pikiran nek solat iku kebutuhan, butuh marek nang 4JJI butuh ngabdi nyembah syukur nang 4JJI mergo wes uakeh nikmat seng wes diparingno.

Carane maneh jare Pak Guru "LAKUKAN SHOLAT SEKARANG JUGA" gawe seng nyambut gawe, seng kuliah, seng sekolah yo kudu di pas no jam istirahat jam mole utowo jam solat, kanggo seng internetan yo wes tutupen komputere rek.....wes ayo budal solat....!!

Carane maneh supoyo solat shubuh gak kawanen yo turune ojo dalu-dalu terus nek iso kasure yo ojo empuk-empuk, nek gelem yo turu nang amben galar teko ori...gak percoyo...?? lho iyo sampeyan cobak, eson wes nyobak rek.....lha mbiyen Rosullullah Muhammad SAW ae turu lemek godong kurmo...insya 4JJI oleh pahala sunnah e.

Solat iku yo iso gawe istirahate awak, istirahate pikiran seng khusyuk, Jarene Pak Dokter ngelancarno aliran darah terus.....???

wah dowo iki....insya 4JJI kulo sambung maleh.....

4 komentar:

Fernandosembahyang mengatakan...

Hmm....Yo iku lho rahasiane lapo Sholat Soboh kok mek rong roka'at hahahaha....
Pengen sregep Sholat?, digawe hobby bae....ke'opo? hahahaha....
Ps: fotone apik seru cak

Aazis mengatakan...

Masukan yg apik mas buat yg sholate telat spt saya hehehe

mybenjeng mengatakan...

iki mau kerinan po gak...?

ciput mardianto mengatakan...

iyo cak, memang kudu sing ikhlas, mosok nek ngeblog kok entheng pas arep sholat rasane kok koyok enek sing nggandoli