Suenenge pas preian sekolah ono' uwong ngesat tambak,
ison karo arek-arek buri nggole' iwak karen-karene
wong seng ngesat tambak.
masio tambake adho....arek-arek iku wero ae
ne' ono wong ngesat tambak..lha wong pancene dhuline
ndo' tambak sobone tambak.
arek-arek langsung ngabari ajak-ajak buri
budal buri nggowo susuk, seser, sengkap, karung
gawe wada iwak nggawe katho' cekak.
jenenge buri mesti campur ladu tho', kadang arek-arek
iku mbeling...nyolong iwak terus konangan seng nduwe
yo langsungae di teplok ladu sampe' nanges, kadang
malah uber-uberan karo sing nduwe tambak utowo
sampe' tawuran.
tapi suenenge buri masiyo gak oleh iwak mergo wonge pelit.
seng nduwe tambak iku ake-akehe wes kaji
wak kaji koq pelit....gudune gak pelit yo..???
03 Mei 2008
Sinau Karo Angon Wedus
Enak gak enak nduwe wedus akeh,
kombonge wedus iku ndo' mburine omah
yoo mesti ambu wedos platarane omah
isu' sa' durunge budal sekolah weduse di ngon
di cancang ndo' tegalan sampe' mole sekolah,
biasane teko sekolah nyusul weduse karo
nggowo pakan dedek campur banyu,
mergo ake PR sekolah yo bukune di gowo pisan
karo angon wedus ndo' tegalan.
pancen sueger angine silir-silir sinau ndo' tegalan
karo angon wedus sampe' ashar.

18 April 2008
Mangan Sego Kelopo
Biasane ne' weteng luwe kepingin mangan
gak ono' iwa'e kari sego tho' yo nggrondai
isine bothe'an nggole'i terasi utowo kelopo
ne' ono' terasi yo terasine ditunu
ne' ono' kelopo yo diparut diurap karo sego
terus diurap mane karo uya thithi'
iku arane sego kelopo rasane hmmm...uenak
sampeyan coba' ne' gak percoyo temenan enak
kepingin tambah enak mane di pangan bareng
tunuan terasi di pangan kriuk-kriuk.
hmmm...Alhamdulillah nikmate,
opomane ne' di pangan ndo' ngarepe pawon
utowo dipangan ndo' pinggire galengane sawah
ngombene kopi nggresik. ya 4JJI enake rek....

17 April 2008
Susahe Moleh Sekolah
Moleh sekolah jam 12 awan panas kentar-kentar
seng adhoe 2 kilo meter liwat tegal-tegal
liwat sawah, kadang ngiyup kepanasan,kadang ne' weteng ison luwe yo
nggole' woe kates, nggole' gedang, mene' wite asem, mene' wite dhoro,
mene' wite juwet, ne' ngelak yo biasane mampir nang omae wong
pinggir dalan njalu' ngombe,terus mlaku sampe' tambangan perahu
nunggu perahu gawe nyambrang bengawan solo biasane perahune
teko kiro-kiro 10 menitan mergo wonge seng nambangi seng nyetir
perahu se' sembayang bedug, perahu budal diwelahi sampe' mudun,
mudun teko perahu gudu ati-ati supoyo gak kecemplung bengawan
terus liwat tegalan deso ison, akhire sampe' omah jam setengah 2 an.
Alhamdulillah wes teko omah terus ngiju'i sekel, rai diraopi waaaah suegere
terus wudhu nang padhasan gawe sembayang bedug terus mangan awan.

Susahe Budal Sekolah
mergo gak nduwe sepeda pancal, yo wes mlaku wae
budal sekolah seng adhoe 2 kilo meter liwat tegal-tegal
liwat sawah terus nunngu perahu gawe nyambrang bengawan solo
perahune teko kiro-kiro 10 menitan waaaah...iki senenge numpak perahu
bareng konco-konco sekolah kadang bareng wong berangkat nang pasar
nggowo ayam, gedang, menyok, sayuran, speda ontel, pikulan, ronjot,
wes macem-macem sa' cukupe perahu budal terus perahu diwelahi sampe'
mudun teko perahu gudu ati-ati supoyo gak kecemplung bengawan
terus liwat tegalan nah...ketemu perkampungan deso
kadang ngelak ngombe yo ndolo' dise' ngombe terus mlaku maneh
susahe maneh ne' udan...ne' ono' gubug yo ngiyup nang gubug tapi iku ne' gak telat
yo kepEh kluncum kabeh seragam sekolah,
sepatu lema to' ake bleto'ane ngono yo digawe ae sekolah sampe' kademen
....ya 4JJI mugo-mugo Sampeyan paringi ilmu seng manfaat amin ya robbal alamin

Langganan:
Postingan (Atom)