23 November 2009
Kepingin Wedus Kanggo Riyoyo Qurban
Maak....Paaak kulo tumbasno wedus nopo'o
kulo kepingin kados konco-konco sing ditumbasno Bapakne nikulo...
wedus iku larang nak...!! opo sing digawe tuku...jare sang Bapak
Pancen sueneng rek nek iso tuku wedus kanggo riyoyo qurban, opo maneh pas ngerawati, makani sampe nggiring wedus nang masjid terus di sembelih...
Iki sang wedus rek...endhi wedusmu...koen nggak nduwe wedus...jarene sang konco sing sueneng karo weduse....
yo eson cuman sedih kepingin tok...lha pancen gak ono sing di gawe tuku wedus rek, wes ndhungo wae, mugo-mugo meneh nek gedhe iso ndhuwe penggawean seng tepak, terus iso nyembelih qurban tiap tahun..amin 4JJI humma amin.
Monggo rek sing saget tumbas hewan qurban...ayo podho ngelaksanakno perintah gusti 4JJI iki...insya4JJI.
Yo wes rek gak opo-opo gak iso tuku wedus, mugo-mugo oleh dumduman ..mugo-mugo diterimo 4JJI qurbane panjenenga sedoyo ...amin.
Semoga Bermanfaat,
nggresik.blogspot.com
13 November 2009
Menyambut Hujan
Hujan tlah tiba - hujan tlah tiba ...
horre ... horre ... horre
jare lagune mbak Tasya
Iki ngono wayae resik-resik genting, talang kotor supoyo banyu udane gak campur kotoran-kotoran godong-godong seng nyumpet talang.
Ayo podho menek genting, noto genting bekne ono sing pecah supoyo gak bocor
Genuk, bak utowo tandon yo perlu di berseni, perlu di cek bekne bocor
Kalenan seng buntu yo saiki wayae di keruk ladhune supoyo gak banjir dalane
Alhamdulillah Suenenge rek udan-udanan pertama mari musim puanas wulan wingi
Eson karo konco-konco arep-arep udhan...kapan yooo..???
Alhamdulillah langite wes mendung peteng, gluduge yo wes banget, tapi mboh kapan udhane, tiwas nyopot kaos rek tiba'e cuman teltik gerimis tok
Yo wes sing puenting saiki gak sepiro panas howone wes langite yo wes campur mendung, suket-suket, wit-witan yo mulai ketok seger.
Ayo podho menyambut hujan, siapno payung, siapno jas hujan, siapno sepatu konkrit, sepatu plastik, sandal plastik.
Ojo lali biasane listrik mati, siapno lilin, damar oblek, lampu templek, lengo gas, korek api, lan konco-koncone.
Semoga bermanfaat
nggresik.blogspot.com
Langganan:
Postingan (Atom)