18 April 2008

Mangan Sego Kelopo

Biasane ne' weteng luwe kepingin mangan
gak ono' iwa'e kari sego tho' yo nggrondai
isine bothe'an nggole'i terasi utowo kelopo

ne' ono' terasi yo terasine ditunu
ne' ono' kelopo yo diparut diurap karo sego
terus diurap mane karo uya thithi'
iku arane sego kelopo rasane hmmm...uenak
sampeyan coba' ne' gak percoyo temenan enak

kepingin tambah enak mane di pangan bareng
tunuan terasi di pangan kriuk-kriuk.

hmmm...Alhamdulillah nikmate,
opomane ne' di pangan ndo' ngarepe pawon
utowo dipangan ndo' pinggire galengane sawah
ngombene kopi nggresik. ya 4JJI enake rek....

Tidak ada komentar: