

[ 1952-06-22] Badan Arsip Prop. Jatim
PASAR BANDENG, 22 JUNI 1952
lho niku lak potone sang mbah Buyut yo ...???
Masya4JJI iwak bandeng e guede-guede ono sing sak ukuran bayi, pancen huebat wong ngGresik...koq iso ngingu iwak nang tambak sampe sak mono gedene jarene ono seng sampe tahunan olehe ngeramut iwak bandeng khusus di gawe lelangan nang Pasar Bandeng Gresik seng diadakna saben malem pitu likur posoan Romadhon.
Iwak bandeng iku pancen khusus di olah di gawe suguh pas riyoyoan kanggo mangan bareng, kanggo menghormat poro tamu sanak famili pas unjung riyoyoan utowo di gawe ambeng nang masjid biasane di goreng utowo di kelo, di pindang, di gawe otak-otak, di panggang, di dendeng hemm...uenake rek , ati-ati keleleken eri ne iwak bandeng yo...mergo eri (=duri) iwak bandeng akeh, gede-gede.
Pasar Bandeng Gresik pancen ruame, mulai rame pedagang, rame pembeli, rame pengunjung sampai rame copet. Ayo budal nang Pasar Bandeng siapno duite, siapno dompete ..........AWAS COPEEET...!!
Semoga bermanfaat
nggresik.blogspot.com