03 Januari 2011

Malem Tahun Baru 2011 Ketemu Pak Bupati Gresik



Alhamdulillah saiki wes tahun 2011,
Umur tambah siji, ayo konco podho intropeksi

Malem tahun baru mabhengi pas ketepa'an eson speda'an nang bunderan GKB, wuih puancen rame arek speda'an montor sing knalpote di plong, suarane koyok beldek sampek kuping panas, akeh mercon kembang api uapik-uapik, saking ramene dalan GKB sampek muacet.

Klunuk-klunuk sang speda mlaku... lha koq moro-moro dhalan bunderan di stop karo pasukan doreng-doreng oren, eson mikir ono opo iki ? lho koq ono montore Pemda pelat abang...!?, ooooaala ono Bapak Bupati karo Bapak Wakil Bupati ngGresik manggung nang Pujasera GKB, yo wes tak terusno nontok Pidatone Bapak Bupati Pak Sambari terus dilanjut Bapak Wakil Bupati Pak Qosim nyanyi dangdut judule Sahara, apo'o koq nyanyi judule Sahara...?, jarene Pak Qosim "Sahara iku singkatane Sambari Halim Radianto.." hehehehe.... yo wes Pak sing penting rame meriah, tapi sayang Pak...koq mek sak lagu thok, kurang Pak...

Alhamdulillah... isu'e yoiku tanggal 1 Januari 2011 ketepa'an ketemu maneh, ono undangan istighosah Jama'ah Al-Khidmah nang halaman kantor Pemda Gresik, alhamdulillah iso ngerungokno pidatone Pak Bupati sing inti pidatone yoiku :

Siji. Pak Bupati Gresik saiki sangat mendukung kegiatan Jama'ah istighosah Al-Khidmah kapan wae nang endhi wae, iki seje karo mbiyen rek, yo mugo-mugo wae istiqomah insya 4JJI

Nomer Loro
. Pak Bupati njaluk sepuro amergo panggonane kurang berkenan, amergo akeh sing kaudanan, jarene insya 4JJI sesok-emben diusahakno panggonan terop sing luweh ombo uenak supoyo gak kaudanan nglempo lesehan nang suket-suket, wong-wong jama'ah langsung keplok. tapi menurut eson masiyo pas gerimis udhan wes gak popo eson budal wae... jenenge nggolek ganjaran rek...

Sing nomer telu
. Pak Bupati nyuwon pendungone poro Habaib, poro Kyai, poro Jama'ah Al-Khidmah supoyo diparingi kesuksesan mbangun ngGresik

Sing nomer papat. Pak Bupati ngomongno rencana-rencana mbangun ngGresik, yoiku :
> Kaubeh Pondok Pesantren bakal oleh sumbangan 3 juta'an ,Alhamdulillah
> Tunjangan poro guru, guru Madrasah di undakno, Alhamdulillah
> Bendung Gerak nang Kecamatan Bungah bakal dibangun kiro-kiro mulai pertengahan tahun 2011, Alhamdulillah iki manfaate guede kanggo pengairan sawah, tegalan, lan liyane, nggresik bakal gak kekurangan banyu insya 4JJI

> Lapangan Tlogo dendo bakal dibangun kanggo kebutuhan olah-raga lan kebutuhan hiburan kanggo arek-arek ngGresik....alhamdulillah wuaaah iki sueneng eson rek, mugo-mugo wae tiket melbune GRATIS....amin

> ngGresik bakal nduwe bandara lapangan terbang alhamdulillah, tapi nang pulau Bawean ....yaaaa....nang Bawean ....adhoe Pak...! yo wes mboten nopo-nopo Pak

> Pintu Gerbang memasuki Kota Gresik teko Surabaya bakal dibangun ditulisi slogan-slogan Kota Gresik, alhamdulillah, wualah kulo setuju Pak... mosok tulisan Selamat Datang saiki akeh sing mrotoli hurufe, kudune di toto sing uapik, jarene Bapak Insinyur kudu di desain sing profesional perlu ditekakno konsultan desainer teko luar negeri. Pintu Gerbang perbatasan Lamongan yo kudu di bangun mosok ngGresik kalah karo Lamongan.


Terus pidato opo mane yo...!? lali eson rek...

Yo wes sing penting Pak Bupati gak lali, kulo dunga'aken mugo-mugo mboten lali, mugo-mugo diparingi 4JJI gampang gangsar lan mugo-mugo wae ning tahun 2011 iki ngGresik bakal tambah luweh uapik, makmur, sejahtera lan aman tentrem, dadhiyo Baldatun Toyyibatun Warobbun Ghofur ... Amin.

Semoga Bermanfaat,
nggresik.blogspot.com