30 Januari 2009

Sunatan masal karo udik-udik an

winginane dowo nang Manyar ono sunatan masal gratis gak mbayar, biasane oleh duwek, tas sekolah, sarung, anduk, klambi....alhamdulillah

seng sueneng maneh di barengi udik-udik an duwek, maksude udik-udik an iku...duwek receh di sawurno nang dalan terus di royok wong akeh, yo Alhamdulillah ono seng oleh akeh, ono seng gak oleh, onok seng ke sawat duwek, ono seng royok an nang lemah sampe rusuh kabeh

yo mugo-mugo wae seng ngadakno sunatan masal gratis koyo ngene iki di tambah jembar rejekine, barokah rejekine, sehat walafiyat lan diterimo amal ibadahe dining 4JJI ... amin 4JJI humma amin.

niki photone sing di poto karo cak Goen....matur suwon cak Goen.









Udik-udik an duwek

20 Januari 2009

Palestina + Israel = Perang

YA 4JJI PANJENENGAN PARINGI KEMENANGAN, KESLAMETAN, KEKUATAN, KESABARAN, KEDAMAIAN, KETENANGAN, KETENTRAMAN, KEAMANAN SEDOYO MUSLIM MUSLIMAH PALESTINA amin...4JJI humma amin

AYO DI BANTU REK...sak mampu sampeyan paling pol yo ndungakno

17 Januari 2009

Udan-udan prosotan nang andil

Andil utowo tangkis bengawan solo pancen dukur sing di uruk nggawe lemah lek udan jemek mbletok, iki sing enak gawe dulinan prosotan.

dulinan nang bletok'an udan-udan pancen sueneng alhamdulillah...kadang nggawe gunung-gunungan guwo-guwoan montor-montoran patung-patungan teko lema kadang perang-perangan sawat-sawatan bleto'an, saking senenge gak wero lik ono beling sampe kancak sikel yo getiyen, sampe moto kelilipen keteplok bleto'an yo langsungae mlayu nang kali mencolot byuurr...ngumbah moto adus pisan suegere reek...alhamdulillah

10 Januari 2009

Suenenge numpak garu

Supoyo sawah iku iso di tanduri, kudu di singkal disek, maringono di encak-encak karo sikel, biasane eson dikongkon Bapak ngewangi encak-encak sawah masiyo sik cilik oleh 2 meter utowo 3 meter sing penting ngewangi sampek sikel kemeng

mari diencak-encak terus di garu supoyo roto, garu iku koyok suri gede bentuke terus di seret karo sapi 2 mburine onok tumpa'ane gawe lunggue sing nyeter garu, lha eson biasane mari moleh sekolah melu numpak garu karo sing nyeter pisan...waaah uenake suenenge rek...kadang yo kecipratan ladhu barang, utowo kesebet buntute sapi, mugo-mugo ae sapine gak ngentut...waah bahaya nek ngentut...

Sing nyeter garu biasane karo nyanyi suitan ngedung supoyo sapine mlakune anteng gak mancal-mancal, lek mancal-mancal hasile nggarune yo elek, eson yo kecemplung sawah, lha iyo rek sapi yo ngerti nyayian barang...yo pinter sapi iku yoan rek...

Alhamdulillah....emak teko ngirim sarapan, pancene sarapane sodo awan, sebab sik di liwetno emak sego krawu, ngombene wedang kopi, terus di pangan nang pinggir galengane sawah bareng-bareng karo Bapak, karo sing nyeter garu, kadang ngejak wong tonggo sawah sing durung sarapan ...
heeemmm uenake rek...Alhamdulillah ya 4JJI.

09 Januari 2009

Musim udan nggolek yuyu

suenenge nik musim udan ngene iki eson karo arek-arek nggolek yuyu nang sawah, pancene udan-udan yuyu akeh sing nggawe leng utowo omah nang sawah

nggolek yuyu iku kudu siap wada timbo ambek kudu siap tangan sampeyan di supit yuyu sampek getiyen, carane, lenge utowo omae yuyu kudu di doo utowo di cerogo karo tangan, nyerogoe iku kudu pelan-pelan ati-ati supoyo yuyune gak kaget terus tangi supite

yo pancen bahaya, kadang keliru omae ulo whhaalaaa... kaget eson tiba'e lenge ulo rek..kadang yuyune wes tangi, yo langsung sang tangan di supit, cepet-cepet wae tak tarik sang tangan

kadang nggolek yuyu oleh setengah timbo karo arek, maringono di gawe dulinan tarik tambang yuyu carane...yuyu 2 di taleni supite kiro-kiro jarak sak kilan supoyo yuyu-yuyu mau tarik-tarik an sampeyan gudu ngarahno yuyu mau supoyo arah mlakune gak podo...nik podo la...dudu tarik tambang yuyu jenenge rek

yuyu iku yo biso di gawe ngobati tikus, carane...yuyu di buka ndhase terus di campure racun tikus, terus di deke' nang galengane sawah....yo Alhamdulillah oleh tikus akeh sing mati

Lha iyo rek yuyu iku yo onok manfaate...Alhamdulillah.

04 Januari 2009

Istighosah bareng Romo Yai Asrori

Alhamdulillahi Robbil Alamain,Romo Yai Asrori saget rawoh, pas jam 9 seprapat krungu swarane ati rasane ndrodog, dzikir ndungo bareng Romo Yai Asrori awak rasane ngayang ilang sampek ketangis.

Ya 4JJI sampeyan paringi sehat wal'afiyat Romo Yai Asrori, saget terus mbimbing jama'ah Al-Khidmah lan kabeh wong ngGresik, amin 4JJI humma amin.

Alfaatihah...!!

audu billahiminassaytonirrojim
bismillahirrohmanirrohim
alhamdulillahirobbil alamin
arrohmanirrohim
maliki yaumiddin
iyyaka nakbudu waiyyaka nastain
ihdinassirotol mustaqim
sirotolladhina anamta alaihim
hoiril mahdubi alaihim
waladdooolin
amin.

03 Januari 2009

Lumpur petro china

Jare cacak-cacak sing kerjo nang pabrik wingi ono pengeboran petro china metu lumpur e, wah wah koq medeni ngene rek, iso-iso dadi koyok lumpur lapindo sing nang gresik, tapi saiki jarene wis mandek, alhamdulillah ya 4JJI, lha iyo rek wong bumi koq di bor sak mono jerone, yo gak popo nek wong nggresik kabeh oleh bagian roto, mugo-mugo wae rek yo...!

01 Januari 2009

ramene tahun baru

nang kampung nik tahun baru an gak sepiro rame,
biasane arek-arek nyetel tip karo nunu iwak nang andil
sing nduwe speda montor yo berangkat nang kota, nang suroboyo,
malang sampek ono sing budal spedaan motor nang bali.

arek-arek yo biasane kemping nang gunung, budal mlaku ae
terus nggandol trek, nggolek pegunungan terus ngedekno tendo,
nunu jangung, nunu iwak, nggodok sego, nggodok mi, karo nyetel tep.

ono sing moco dhiba' sholawatan nang langgar utowo istighosahan.

ono sing budal spedaan engkol, masiyo gak wero dalan, sampe kesasar nang dalan alas jati panceng sing dalane mungga modon, sampe rime speda engkol jebol kepekso nggawe sandal gapit, slebore speda di cumplung, lha pancene gak ono seng sangu duwek, yo njaluk ngombe wong pinggir dalan, iki ngono ngerayakno tahun baru bondo nekat.