29 November 2008

Poto poto an

ngedusi sapi


enak e mangan kates bareng-bareng teko wite


mari buri iwak e di tunu bareng-bareng


Hmmm enak e yoo reek


Dulinan nang sawah teplok-teplok an ladhu


Konangan wak kaji seng nduwe sawah....ayoooo mlayuuuuuuuu
hiii hiiii hiii

20 November 2008

Gresik

Eson lahir dek Gresik Jawa Timur Indonesia, Desone jenenge ....
(gak tak sebutno engko nggarai podo moro nang sang omah, hehehe.... sombong yo eson
iyo sombong...ojok banget-banget engko diseneni sang wong tuo, mergo eson gak oleh sombong-sombong)

Gresik iku singkatane Seger Lan Resik yo pancen bener iku, tapi nang kotae akeh pabrik kimia akhire akeh belduk campur kimia angine campur kimia howone campur kimia sampek banyu bengawan solo yo jarene wong gede-gede iku yo tercemar kimia.

Tonggo-tonggo konco-konco akeh seng nyebut Gresik iku ngGresik mangkane eson nggawe nggresik.blogspot.com

Gresik iku kota santri mergone akeh wali jaman biyen termasuk Sunan Giri, syekh Maulana Malik Ibrahim, lan liyo liyane.

Gresik iku mbiyen dadhi dermagae Iternasional jare sang mbah.

Gresik iku UMR e paling dukur sak Jawa Timur jare sang tonggo sing nyambut gawe nang pabrik iku kiro-kiro Rp. 971.000 an tahun 2009.

emmm...opo maneh yo...sik durung onok ide....

Insyaallah mnesok noles maneh ...sik akeh seru seh nik ngomongno Gresik.
Insyaallah lho rek yo ...

19 November 2008

Ngewangi wong tuo ngiles pari

Amergo ngebakti nang wong tuo loro, masio di kongkon ngewangi ngiles pari...yo kudu di ewangi wong pancen iku kanggo mangan lan di edol ditempurno di urupno duwek gawe mbayar spp sekolah, gawe tuku iwak, nyaur utang lan gawe liyo liyane.

Biasane waktu panen pari iku di ret (di panen) dewe sak keluarga, ono sing kebagian ngaret, ono sing kebagian ngiles, ono sing kebagian nggeblok, mergo eson sik arek yo ngewangi ngiles wae. Ngiles iku maksude ngerontokno pari teko batange pari nggawe sikel utowo diules-ules (dipidek/diencak) karo sikel. Corone ngiles iku gampang, njupuk pari sak terkeman tangan loro, terus di tekuk dadi loro karo sikel terus di ules-ules di wolak-walik sampek parine rontok. Kadang sak ilesan iku oleh sak bak pari, setengari ngiles oleh sak karung.

Mestine sikele gudu kuwat, mangkane sikelku sampek babras beret-beret kenek pari, supoyo gak nemen-nemen ison nggawe setiwel, kadang moleh sekolah langsung setiwele digawe ngiles. Tapi suwe-suwe sikelku yo kebal.

Yo pancen soro sawangane, tapi ison tetep sueneng lha wong ngebakti nang wong tuo loro karo dolanan nang sawah.

17 November 2008

Bengawan Solo Komboan

Alhamdulillah.....

Bengawan Solo wingi pas Pilgub JATIM, banyune amber wernoe soklat buthek, okeh iwak sing munggut (mabok) minggir nang suket-suket. Yo uenak seru kanggo aku sing seneng nggolek iwak. kari nyiapno seser, sengkap, karung gawe njupu'i iwak sing mabok iku, yo oleh ake...

Suenenge nggolek iwak gak repot-repot, nyeser nang pinggir Bengawan wes oleh iwak. Luweh enak maneh nek nduwe perahu, iso nenga nang Bengawan, karek meleh iwake wae, meleh iwak gedhe, iwak sembilang, iwak tage, iwak conggah, iwak wagal, iwak kething, wes macem-macem.

Moleh teko komboan, awakku gosong ireng soklat, lha iyo kepanasan ambej adus banyu soklat campur ladhu...tapi...hemmm tetep sueneng.

Iwak sak mono akehe iku, di masak bothok, di goreng, di kelo. liyone yo di kekno tonggo-tonggo, dulur-dulur sing gak iso melu komboan Bengawan Solo.

Alhamdulillah ya 4JJI....nikmat sakeng panjenengan.