03 Mei 2008

Buri Nggolek Iwak

Suenenge pas preian sekolah ono' uwong ngesat tambak,
ison karo arek-arek buri nggole' iwak karen-karene
wong seng ngesat tambak.

masio tambake adho....arek-arek iku wero ae
ne' ono wong ngesat tambak..lha wong pancene dhuline
ndo' tambak sobone tambak.

arek-arek langsung ngabari ajak-ajak buri
budal buri nggowo susuk, seser, sengkap, karung
gawe wada iwak nggawe katho' cekak.

jenenge buri mesti campur ladu tho', kadang arek-arek
iku mbeling...nyolong iwak terus konangan seng nduwe
yo langsungae di teplok ladu sampe' nanges, kadang
malah uber-uberan karo sing nduwe tambak utowo
sampe' tawuran.

tapi suenenge buri masiyo gak oleh iwak mergo wonge pelit.
seng nduwe tambak iku ake-akehe wes kaji

wak kaji koq pelit....gudune gak pelit yo..???

Sinau Karo Angon Wedus

Enak gak enak nduwe wedus akeh,
kombonge wedus iku ndo' mburine omah
yoo mesti ambu wedos platarane omah

isu' sa' durunge budal sekolah weduse di ngon
di cancang ndo' tegalan sampe' mole sekolah,
biasane teko sekolah nyusul weduse karo
nggowo pakan dedek campur banyu,

mergo ake PR sekolah yo bukune di gowo pisan
karo angon wedus ndo' tegalan.

pancen sueger angine silir-silir sinau ndo' tegalan
karo angon wedus sampe' ashar.